Laman

Kamis, 28 April 2011

GEDHUNG DPR SIDA DIBANGUN?


Udur-uduran bab rencana madege gedhung DPR kang magrong-magrong nganti tekan wektu iki durung rampung. Kabeh pehak sing setuju lan nolak (pro-kontra) padha golek argumen sing kuwat kanggo mbela panemune dhewe-dhewe. Miturut pehak sing setuju marang rencana madege gedhung ngandhakake, yen gedhung anyar mau penting banget kanggo nyengkuyung nyambut gawene para Dewan. Jarene, ing wektu saiki gedhung lawas wis dianggep ora nyukupi maneh kanggo nyambut gawene para anggota Dewan, kayata kanggo rapat-rapat, ruwangan kanggo sekretaris lan staf ahline. Mula gedhung anyar enggal dileksanakake madege. Dene pehak sing padha ora setuju kandha, yen sejatine wektu iki durung wektu sing pas kanggo mbangun gedhung anyar, amarga isih akeh warga kang uripe sekeng (mlarat). Karo maneh, sasuwene iki, nyambut gawene para anggota DPR dianggep durung tenanan mbela kekarepane rakyat sing menehi dhaulat.
Miturut rencana, gedhung anyar DPR arep dibangun kanthi ngentekake ragad meh 1,2 trilyun. Dhuwit samono akehe mau kanggo mbangun gedhung tingkat kanthi sarana kang komplit, klebu papan kanggo renang lan fitness utawa olahraga. Dadi, komplite gedhung kasebut sejatine luwih kanggo kepentingane para anggota Dewan, nalika padha ngantor ing DPR. Kamangka, sejatine sasuwene iki, fasilitas kanggo anggota DPR rinasa wis komplit, wiwit saka maneka tunjangan, asuransi, nganti tekan gaji sing terus mundhak. Ewa semono, sing dijaluk isih tetep kurang terus.
Nganti tekan wektu iki, sejatine isih akeh rakyat Indonesia sing uripe isih mlarat lan nganggur. Rakyat menehi mandhat marang wakile ing DPR supaya merjuwangake kekarepane rakyate. Mesthi wae supaya mengkone rakyat bisa tambah mulya, golek gaweyan gampang, golek pangan gampang, murah nalika priksa, murah golek sekolah, entuk rasa anyem lan aman, lan liya-liyane. Nanging nyatane, nganti tekan saiki, isih akeh masalah kang njiret rakyat, khususe rakyat gembel aliyas mlarat. Isih akeh pawarta ngenesake kang ditandang dening rakyat cilik. Wis ngono kuwi, kok ya tega, para wakile rakyat mau padha nguja kekarepane dhewe kanggo kepentingane dhewe utawa kelompoke. Apa tumon?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar